PIWULANG PITUTUR LUHUR SAJRONING TEMBANG DOLANAN CUBLAK-CUBLANG SUWENG
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Kawilujengan saha kasarasan mugi tanzah nyawiji mring kita sami.
Panjenenenganipun Juru Pambiji ingkang kula bekteni, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani. Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Alloh Subhanahu Wata'ala ingkang sampun paring kaberkahan saha kanugrahan sahingga wonten wekdal sae punika kita saged makempal kanthi mardikaning penggalih.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Wonten pepanggihan punika, bilih kula ............ badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan "Piwulang Pitutur Luhur Sajroning Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng".
Tembang dolanan punika kalebet tembang tradhisional, ingkang saged minangka sarana panglipur, ugi ngandhut piwulangan ingkang sae saha boten sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Salah satunggaling Wali Songo, ingkang sesilih Sunan Giri, sampun ngripta tembang Cublak-Cublak Suweng ingkang wusananipun dados tembang dolanan kagem ngiringi lare-lare.
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndeliake
Sir sir pong dhele kopong
Sir sir pong dhele kopong
Cublak-Cublak Suweng, suwenge ting gelenter. Nggadhahi pangertosan bilih bandha brana ingkang dipun padosi tiyang punika, sejatosipun sumebar wonten pundi-pundi.
Mambu ketundhung gudel, tiyang bodho sami pados bandha brana kanthi nepsu kagem mburu remenipun piyambak-piyambak.
Pak empong lera-lere. Amargi kasrakahanipun piyambak, tiyang bodho kala wau sami bingung lan boten tentrem gesangipun.
Sopo ngguyu ndhelikake. Sinten ingkang wicaksana, bakal manggihi katentreman.
Sir pong dhele kopong, ngandhut piwulang boten gadhah penggalih.
Dudutanipun saking tembang dolanan Cublak-Cublak Suweng inggih punika, tiyang punika kedah nyingkiri raos tresnanipun dhumateng bandha donya, nglembah manah, ugi saged tanggap saha trep kaliyan swanten penggalihipun, supados gesang ingkang tentrem.
Juru pambiji saha para rawuh ingkang kinurmatan.
Cekap semanten atur kula. menawi wonten klenta-klentunipun atur, kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra, saha subasita, kula nyuwun agenging samudra pangaksami. Nuwun.
Billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
(by Widi Hastuti)
Terima kasih
BalasHapusMATURNUWUNN
BalasHapus